Senin, 17 Februari 2014

Gunungan Wayang dalam Ngelmu Jawa

Gunungan Wayang dalam Ngelmu Jawa



Gunungan inggih menika gambar wayang ingkang wujudipun kados gunung. Salebetipun gunungan wonten gambar lawang kados déné gerbang, ingkang dipunjagi déning buta cacah kalih cepengan gada lan tébéng. Gunungan ing pawayangan ugi asring sinebat KayonSanésipun gunungan menika nggambaraken kerajaan, gunungan ugi kanggé pratandha giyaran wayang badhé dipunwiwiti.



Jinisipun Gunungan
Mituhu wujudipun, gunungan utawi kayon saged dipunpérang dados kalih, inggih menika:
  • Kayon Gapuran, wujudipun radi alit kanthi gambar gapura. Sisih kiwa tengenipun dipunjagi déning buta utawi raseksa. Sisih wingking kayon wonten gambaran utawi wewujudan geni warna abrit.
  • Kayon Blumbangan, wujudipun radi ageng lan langkung endhèp upami dipunbandhingaken kaliyan kayon gapuran.Sisih ngandhapipun wonten gambar kolam kanthi toya wening, samadyanipun kayon wonten gambar ulam cacahipun kalih ingkang sami adhep-adhepan, lan sisih wingkingipun wonten gambar segara ingkang warninipun sami kaliyan warni langit.
 

Gambar Salebetipun Gunungan
Sedaya gambar ing salebetipun gunungan inggih menika:
  • griya éndah kanthi undhag-undhagan ingkang cacahipun tiga lan korinipun dipunrengga gambaripun Bethara Kamajaya ingkang adhep-adhepan kaliyan Dèwi Ratih,
  • buta utawi raseksa ingkang sami adhep-adhepan, kanthi mbekta gada utawi pedhang jangkep kaliyan taméngipun,
  • naga ingkang ngghadhahi swiwi kalih,
  • alas ingkang dipunrengga dening para kéwan,
  • macan ingkang adhep-adhepan kaliyan banthèng,
  • wit-witan ageng ing tengahipun alas, dipunubeti déning sawer,
  • makara ing tengahipun wit,
  • kethèk cacahipun kalih lan lutung ingkang mapan ing wit,
  • pitik alas cacah kalih ing sanginggilipun wit-witan.
  •  Werdinipun Gunungan
  • Gunungan saged dipunmaknani
    • Gunungan saged dipunmaknani minangka lambang pancer, inggih menika jiwa utawi sukmaKajawi menika, wujudipun ingkang arupi wajik (segitiga) nggadhahi teges manungsa menika kagungan unsur cipta, rasa, lan karsa. Lambang gambar pesagi (segiempat) ngemu werdi, manungsa nggadhahi sekawan sadhérék. Sadhérék kasebat inggih menika (1) siti, (2) geni, (3) toya, lan (4) hawa utawi angin.
    • Gunungan ngadhahi werdi, minangka tandha panguripan. Saben gambar ing gunungan, ngetingalaken saisining piranti ing sajroning jagad. Wiwit saking manungsa, kéwan, alas, lan samudayanipun. Wujud gunungan arupi limas (segilima), nggambaraken lelamapahan tiyang gesang. Wujud lancip menika nggadhahi werdi gandhéng cénéng antawisipun manungsa kaliyan gustinipun. Gambar wit minangka pratandha ingkang mbabaraken digdayanipun Gusti Ingkang Maha Wikan, ingkang sampun maringi pangayoman dhumateng sedaya titah ing ngalam donya Sedaya kéwan ingkang karipta ing gunungan nggadhahi 3 (tigang) teges, (1) sipat, (2) bebudén, lan (3) watek, ingkang dipungadhahi saben manungsa. Gambar sirah raseksa utawi buta nggambaraken kahanan manungsa ingkang gesangipun ing ngalam donya nggadhahi sipat rakus lan awon kados sétan. Gambar ilu-ilu geni nggambaraken lampahipun gesang manungsa karidhu déning maneka warna godha, coba, bebaya, lan sanés-sanésipun. Gambar segara ngemu pratandha ingkang njléntrehaken pikiranipun manungsa. Gambar buta nyepeng gada nggadhahi werdi panjagining rasa ing ngalam peteng lan padhang. Gambar Joglo mbabaraken kahananipun negari ingkang aman lan tenterem, awit sampun kinayoman déning ngrembakanipun wit-witan lan isén-isén sanésipun. Gambar raseksa minangka lambangipun menungsa ingkang kirang tata.
    •  
    • Sumber:
    • http://jv.wikipedia.org/wiki/Gunungan
  • Nonton video monggo dipirsani dateng Youtube:
    http://www.youtube.com/watch?v=-jtdIgr5eTQ&feature=youtu.be

Tidak ada komentar:

Posting Komentar