Senin, 17 Februari 2014

Semar - Asli Tiyang Jawa Kuno

Semar -  Asli Tiyang Jawa Kuno

SEMAR DUDING NGISOR
Nglambang ake yen Semar iku
Manungso sing bisa menehi piwulang lan pitutur 
sarto peduli marang wong cilik

SEMAR DUDING NGAREP
Nglambang ake yen Semar iku
Manungso sing bisa menehi piwulang lan pitutur 
sarto  menehi dalan kang bener becik


SEMAR DUDING ING NDUWUR
Nglambang ake yen Semar iku
Manungso sing bisa menehi pitutur lan nyeneni marang pimpinan
sing lakune ora bener lan ora becik





Semar utawi Kyai Semar Badranaya inggih punika salah satunggaling punakawan Pandhawa ingkang asring paring pituduh lan kathah kawicaksanan. Semar punika taksih sadhèrèk kaliyan Batara Manikmaya lan Antogo.

Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang nggadhahi pakarti ingkang luhur. Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang pakartinipun awon.

Semar, Manikmaya, lan Togog dipunripta Sang Hyang Wisesa saking tigan. Wonten ing satunggaling prastawa adu pepatén, Semar ngeleg gunung saéngga wujudipun dados boten karuwan. Sasampunipun menika, Semar dados pangayom utawi pamongipun anak-putunipun Bathara Guru saking sedaya anceman lan serangan angkara murka. kanthi cara premati dipunwedharaken tegesipun Semar miturut tiyang Jawi, Semar punika sumbering cahya, déwa kasuburan, misteri (samar), Sang Hyang Maya, cahya buwana.



Asal-usulipun Semar

Miturut Hazeu, Semar menika satunggaling paraga ingkang asalipun asli saking Indonesia sanés saking India malah dados “nenek moyang” Jawa Asli. Miturut Dr. F. Magnis Suseno, Semar nggadhahi pangaribawa minangka “nenek moyang” raja-raja Jawa, lan dados pamong lan danyang Pulo Jawa
"Nenek Moyang" puniko saged kasebat LELUHUR, inggih meniko tiyang ingkang sampun sedo ananging kagungan kekiyatan utawi kasekten saenggo dados panutan ipun para tiyang ingkang gesang sak bibaripun. Leluhur saking tembung luhur ingkang artosipun agung, ageng,inggil, luhung, linangkung. Pramilo puniko tiyang Jawa utawi Jawi sak estu estu ngormati dumateng para leluhur ipun.


Wonten maneka warni pamanggih (versi) malih babagan asal-usulipun Semar. Ananging sedaya nyebataken bilih Semar menika panjilmaan déwa.

Naskah Serat Kanda nyariyosaken, panguwaos kahyangan ingkang asma Sanghyang Nurrasa kagungan kalih putra ingkang namanipun Sanghyang Tunggal lan Sanghyang Wenang. Saking Sanghyang Wenang salajengipun dipunwarisaken dhateng putranipun ingkang asma Bathara Guru. Sanghyang Tunggal lajeng ngrumat para ksatria trahipun Bathara Guru, kanthi asma Semar (Sanghyang Tunggal gantos asma dados Semar).



Pagesanganipun Semar

Sanajan Semar dados “pamong” (pamomong ingkang wicaksana), dereng kathah ingkang mangertos bilih Semar menika taksih sadhèrèk kandhung Bathara Guru (rajanipun para dewa).

Semar kagungan garwa ingkang asmanipun Déwi Kanistri. Garwanipun dipuntilar amargi Semar ngabdi dhateng para ksatriya ingkang mbela kabecikan. Garwanipun menika wicaksana sipatipun pramila paring idin dhumateng Semar. Pagesanganipun Semar menika prasaja sanget. Panjenenganipun boten mentingaken lahiriyah, ananging ingkang dipunwigatosaken menika pengalaman batin lan kawasisanipun. Babagan menika ingkang dadosaken Semar tansah kagungan pikiran saé (“positive thinking”), tansah mendhet pamundhutan kanthi tetimbangan ingkang mateng.

Ing pewayangan gagrag Jawa Tengah lan sawetara Jawa Wetan, Semar menika kagungan putra:

  1. Garéng
  2. Petruk
  3. Bagong

Ing Cirebon lan Kuningan, Jawa Kulon, Semar kagungan putra:

  1. Udawala
  2. Garéng
  3. Bawor
  4. Bitarota
  5. Ceblok
  6. Cungkring
  7. Bagalbuntung
  8. Curis

Ing sapérangan Jawa Wétan, putranipun Semar menika Besut.

Ing gagrag Banyumasan, putranipun Semar inggih menika:

  1. Bawor
  2. Garéng
  3. Petruk

Semar menika titisanipun Sanghyang Ismaya. Ing sarasilah Parisawuli karangan Rangga Warsita, Semar utawi Smara menika keturunan Sanghyang Ismaya. Janggan (penulis) Smara iku dhaup klawan Dewi Kanistri, putri Bathara Hira.


Bojo sira arsa mardi kamardikan, 
ajwa samar sumingkiring dur-kamurkan.

Artosipun:
Tiyang ingkang di wastani Mardika inggih tiyang engkang saged mandiri mboten kejajah dening hawa nafsu bab kadonyan, lan mboten samar gesangipun sebab ingkang dipun padosi tiyang Jawi inggih Sampurno ing gesang.
Mardika artinya “merdekanya jiwa dan sukma”, maksudnya dalam keadaan tidak dijajah oleh hawa nafsu dan keduniawian, agar dalam menuju kematian sempurna tak ternodai oleh dosa. Manusia jawa yang sejati dalam membersihkan jiwa (ora kebanda ing kadonyan, ora samar marang bisane sirna durka murkamu) artinya : “dalam menguji budi pekerti secara sungguh-sungguh akan dapat mengendalikan dan mengarahkan hawa nafsu menjadi suatu kekuatan menuju kesempurnaan hidup”.
Sumber:

http://jv.wikipedia.org/wiki/Semar






MONGGO DIPUN PIRSANI VEDIO NIPUN DATENG Youtube:












Tidak ada komentar:

Posting Komentar